/*__Style_copy_area__*/ .copybox { /* -- Style Box dalam --*/ padding:5px; border:1px solid #FFC71F; background:#FFFFCC; } .kopiaer { /* -- Style Box Luar --*/ background:red; padding:7px; } .cangkirkopi { /* -- Style Tombolnya --*/ background:#B88A00; border:1px solid #FFC71F; color:#FFD65C; padding:2px; font-weight:bold; }

Sabtu, 16 April 2011

SEJATINING URIP Bag.1

Ngelmu Urip #1

Anane tak wenehi irah-irahan ‘ngelmu urip' amarga ‘ngelmu Jawa' iku pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam donya.Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener murih bisa ‘titis ing pati'.‘Titis ing pati' iku ora ngrembuk suwarga lan neraka.Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur' kang mangun wujuding ‘manungsa urip' marang sumbere dhewe-dhewe kanthi sampurna.Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang sumber-sumbere kang ‘azali'. Sing saka cahya lan teja ya bali marang sumber azaline.Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune ‘wujud' ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak turune).Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu urip', mulane piwulang Jawa luwih migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah.Kanyatan kang ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing alam donya (Ngarcapada) kene iki.Holistik, mangkono anggone para ahli menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa sakabehing ‘kang ana' ing alam semesta iki ana sesambungane sacara ‘kosmis-magis'.Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis mbalung sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi ‘naluri dasar' kanggone wong Jawa.Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane ‘sistim pendidikan'.Mung sarana gethok tular ing antarane ‘sesepuh' marang generasi bacute.Nanging pilih-pilih marang sing bias ditulari kawruh. Mulane saya auwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa dhewe.Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka kabudayan lan peradaban saka manca banjur nganggep ngelmu lan laku Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan.Sing ekstrim banjur ngarani yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan mulur nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang ‘nalar' padha ora tertarik.Kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal.Yen ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab.Apamaneh tuntutan kanggo ‘survive' ing jaman saiki butuh ‘segala daya'.Genahe, wektu iki ana ‘pergerakan' peradaban tumraping manungsa sak jagad.Owah-owahan kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong' semlengeren ora gaduk nalare kanggo ‘memahami'.Sing operasional kari ‘naluri defensif' supaya tetep ‘survive'.Kabeh butuh urip kang underane (manut Wedhatama): kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa arta), kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu lan kawruhe (winasis).Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni banjur banget nisthane kang diupamakake ‘luwih aji godhong jati aking'.Senajan diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, nanging kanyatane ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna.Ing tengahing masyarakat ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget.Ana sing bisa dadi panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi ‘memalaning bebrayan'.Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan bloon banget.Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing tenghing masyarakat. Mula ana ‘potensi ketegangan' kang ora ana enteke.Mbok menawa bae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa.Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama lan etika moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan.Mung bae, cara Jawa iku lueih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran' batine manungsa katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing bebrayane.Ya kanggo nata ‘kesadaran' iku anane ngelmu lan laku ana ing piwulang Jawa.Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo ngadhepi persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane kanggo kepentingan urip.Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna.Ana sing ‘becik-bener-pener' kanggo kepentingane urip bebarengan, nanging ya akeh sing ‘ala-salah-ngawur' sing ngrusak bebrayan.Anehe, kok ngelmu lan laku kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh pancadane kanggo sangu nglakoni urip.Kanthi mangkono pancen rada abot angone arep njlentrehake bab sakabehing ngelmu lan laku Jawa.Mulane, murih kepenake anggonku ngaturake ‘Ngelmu Urip' ing postingan iki tak rujukake marang serat-serat kapujanggan kayadene Wulangreh, Wedhatama, lan liya-liyane. Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi ngeparengake.

Ngelmu Urip #2

Pancadane ‘Ngelmu Urip' iku ‘eling', yaiku eling marang ‘sejatining urip' utawa ‘hakekating urip' tumraping manungsa.Manungsa iku titah pinunjul katimbang titah liyane.Pinunjule amarga kaparingan ‘perangkat urip' kang ana ing khasanah Jawa disebut ‘cipta-rasa-karsa'. Tinengeran ana ing aksara Jawa:"ha-na-ca-ra-ka" kang tegese ‘utusan' (hananira hananing Hyang) kang diparingi cipta (ca), rasa (ra), lan karsa (ka).Ya peparing ‘cipta-rasa-karsa' iki kang mbedakake titah manungsa karo titah liyane.Kang lumrah siklus urip kang dilakoni manungsa iku:- ‘ana (lair)- dadi momongan wong tuwane- dhiwasa (bisa golek pangan dhewe)- kawin- duwe anak (momong)- ngentasake momongane- mati'.Siklus kang mangkene iki ora ming tumrape manungsa, nanging titah-titah liyane iya duwe siklus mangkene.Tegese, mung nglakoni naluri alamiah. Ora ngoperasionalake perangkat urip peparinging Gusti Kang Maha Kuwasa kang njalari manungsa iku disebut ‘titah utama'.Menawa miturut basa agama Islam manungsa iku dipapanake (diposisikan) dadi ‘Kalifatullah fil ardhi', wakile utawa utusane Gusti Allah neng ngalam donya.Nanging perlu dieling-eling menawa manungsa kang bisa dadi utusan utawa wakile Gusti Allah iku cetha sing bisa ngoperasionalake ‘cipta-rasa-karsa'-ne kang jumbuh karo kersane Gusti Kang Murbeng Dumadi.Dudu sing mung operasional naluri alamiahe kaya kang tak aturake ing ndhuwur.Kanggo bisa operasionalake ‘cipta-rasa-karsa' dibutuhake ‘ngelmu' lan ‘laku'.Ngelmune kanggo mangerteni (memahami) babagan sejatining ‘cipta-rasa-karsa' iku. Dene lakune kanggo mapanake pangerten ngelmu dadi watak-wantu.Menawa dirembuk nganggo basa Inggris ‘watak-wantu' iku nglingkupi :- knowledge,- attitude,- skill,- aptitude, lan- habit kang bisa disingkat KASAH.Ya ing kene iki salah sijine cara kanggo mangerteni unen-unen "ngelmu iku kelakone kanthi laku".Tegese: ngelmu iku bisa manjing dadi watak wantune manungsa manawa dikantheni laku.Gandheng ‘cipta-rasa-karsa' iku manggone ana ing manungsa urip, mula ngelmune ya ngelmu urip, lakune ya laku nglakoni urip.Pitakonane, nek ana ‘ngelmu urip', mesthine ya ana ‘ngelmu mati'.Pancen ya ana,yaiku ‘ngelmu-ngelmu' sing mentingake kanggo persiapan mati. Sakabehing dayaning urip kanggo persiapan mati.Ana kang ‘tata lair', upamane petungan kanggo nyukupi kebutuhane ahli waris njur numpuk bandha kang perlu diwarisake.Ana kang ‘ranah kebatinan', umpamane ngelmu ‘mati sajroning urip' kang pakertine (cara nglakoni) kanthi nglereni obahing ‘cipta-rasa-karsa'.Yaiku tapa brata neng papan sepi nyingkir saka bebrayan (masyarakat).Ngelmu sing kaya mangkono iku ora salah lan ora kleru.Amarga subyektif banget, kaitane karo ‘persepsi' saben uwong babagan jejibahan urip kang beda-beda.Mulane ana ing khasanah Jawa, iya ana ngelmu-ngelmu sing mentingake ‘persiapan mati' iku.Nyuwun pangapunten, babagan ‘ngelmu mati' iki kareben diterangake sedulur liya sing luwih nguwasani.Jujur bae, KSM ora pati mudheng. Ngelmu urip iku ora mung ing babagan tata lair, nanging uga ana gegayutane karo kebatinan.Amarga manut filosofi Jawa, ana gegayutan (hubungan) ‘kosmis-magis' ing antarane jagad cilik (manungsa urip) karo jagad gedhe (alam semesta).Pangertene ndudut saka ‘kawruh sangkan paraning dumadi'.Menawa manungsa urip iku kawangun saka unsur telung perkara, yaiku: materi (bumi lan langit), cahya lan teja, sarta suksma sejati (dzat urip, roh).Katelune unsur-unsur iku asale saka ‘Guruning Ngadadi' kang uga disebut ‘Suksma Kawekas', kang ora liya iya Gusti Kang Murbeng Dumadi sing dadi sesembahane sagunging titah dumadi.Kanthi andaran kasebut ing nduwur, filosofi Jawa kanyatane kanthi cetha wela-wela nerangake anane ‘Sesembahan' kang disebut ‘Gusti Kang Murbeng Dumadi', ‘Hyang Agung", ‘Hyang Suksma Kawekas', ‘Guruning Ngadadi' lan sebutan-sebutan liyane kang akeh banget cacahe.Panjenengane R. Ng. Ranggawarsita ngumpulake sesebutan tumrap ‘Sesembahan' Jawa iku ana ing seratane, ‘Paramayoga'.

1 komentar:

  1. Harrah's Resort Atlantic City - MapYRO
    Find out the 포천 출장마사지 location 광주광역 출장샵 of Harrah's Resort Atlantic City in 거제 출장샵 Atlantic 춘천 출장샵 City, NJ. Harrah's Resort Atlantic City has a casino and a 목포 출장샵 hotel.

    BalasHapus

Kami harap Saran dan Pesan dari Anda

free counters